Selasa, 24 Maret 2015

Pidato Bahasa Jawa

06.52

Assalamu'alaikum wr.wb
Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.   
Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.   
Para kadang, siswa-siswi ingkang kula tresnani.
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhumateng Gusti Maha kuwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini samangke punika.
Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. R.A. Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kagem majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa Indonesia taksih dipuncengkerem dening bangsa penjajah.
Labuh lebetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita boten saged dipunremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan majengipun bangsa punika.
 Pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadhahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten greget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia. Sampun cetha ing pagesangipun bangsa kathah wanita ingkang saged kiprah kadi dene para priya ing babagan  warna-warni. Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah.
Kanthi makaten punika sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.
 Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap  sadaya kekirangan lan kelepatan kula.  
Wassalamu'alikum wr.wb

Written by

We are Creative Blogger Theme Wavers which provides user friendly, effective and easy to use themes. Each support has free and providing HD support screen casting.

0 komentar:

Posting Komentar

 

© 2013 LheeafLav. All rights resevered. Designed by Templateism

Back To Top